Cari Blog Ini

Sabtu, 09 Oktober 2010

Khutbah Idul Fitri 1429 H./2008 M.

HAMBANGUN PASEDEREKAN HAKIKI

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلله اكبر ٩x الله اكبركبيرا والحمد لله كثيرا وسبحان الله بكرة واصيلا لااله الاالله والله اكبر الله اكبر ولله الحمد
الحمد لله الذي جعل هذا اليوم عيدا لعبده المؤمنين وختم به شهر الصيام للمخلصين وجعل من طاعته عز الدنيا والاخرة للطائعين وفي معصيته ذل الدارين للعاصين اشهد ان لااله الاالله وحده لاشريك له شهادة تطهر القلوب من الغش اللعين واشهد ان سيدنا ومولانا محمدا عبده ورسوله اطوع الخلق لرب العالمين اللهم صل وسلم وبارك علىسيدنامحمد وعلىﺁله واصحابه المجاهدين الطاهرين، امابعد: فياعبادالله اوصيكم واياي بتقوى الله فانهاخيرزادالمتقين ووصيةالله للناس اجمعين. قال الله تعالى في كتابه العزيز وهو اصدق القائلين:                   صدق الله العظيم

Poro rawuh jama’ah shalat idul fitri ingkang tansah dipun muliaaken Allah SWT, monggo somo ningkataken iman soho taqwa kito dumateng Allah SWT, keranten sak yektosipun sangu ingkang paling sahé inggih meniko taqwa. Allah SWT sampun dawuh wonten ing kitab suci al-Qur’an .تزودوا فان خير الزاد التقوى Menawi kito saged terus ningkataken taqwa kito insya Allah kito bakal pikantuk hak arupi anggayuh kabahagian arupi idul fitri ingkang artosipun wangsul dateng kasucian kados déné naliko nembé lahir saking guwo garbanipun ibu kito sami. Rasulullah saw ngendikaaken:
ليس العيد لمن لبس الجديد ولكن العيد لمن تقواه تزيد (الحديث او كما قال)
Artosipun: Ora ono riyoyo ‘id iku kanggo wong kang pengannggoné anyar, ananging sak temene riyoyo iku kanggo wong kang podo tambah taqwané.
Saking hadis meniko saged dipun pendet tulodo bilih taqwa meniko setunggaling predikat ingkang kedah dipun gayuh dining sedoyo kaum muslimin milahi sarono nindaaken poso kanthi sempurno hinggo nindaaken mbayar zakat tumpraping tiyang ingkang kuwoso, soho zikir hangagungaken asmanipun Alloh SWT. Khususipun ibadah ingkang arupi mbayar zakat fitrah, sanget ageng ginanipun, sebab kanthi zakat menikolah ibadah poso kito saged dipun tampi déning Allah SWT. Zakat fitrah minongko ibadah ingkang nyampurnaaken ganjaranipun poso. Rasulullah saw sampun dawuh wonten ing setunggalipun hadis: Bilih ganjaranipun poso kito sami meniko dipun gantung wonten ing antawisipun langit lan bumi hinggo kito nindaaken mbayar zakat. Kanthi mendet katerangan saking hadis meniko saged dipun fahami bilih ibadah poso kito sami, mboten sampurno menawi kito sami mboten nindaaken zakat. Menawi sampun nindaaken mbayar nuli dipun genepi zikir hangagungaken asmanipun Allah SWT kanthi takbir, tahmid, soho tahlil.
الله اكبر و لله الحمد الله اكبر
Magayutan kaliyan dinten riyoyo meniko monggo kito sami ningkataken eratipun hubungan sanak raket kito sami ampun ngantos udar punopo malih sampék pedot anggen kito paseduluran. Menawi kolo wingi wonten kaluputan punopo kémawon ingkang mboten mranani ing penggalih monggo, dinten niki minongko kasempatan emas kanggé hangukuhaken pasedérékan kito sami. Sedoyo meniko kito tindaaken minongko ngetingalaken raos syukur kito sami dumateng Allah SWT. Awit gusti Allah sampun dawuh ولتكملوا العدة ولتكبرواالله على ما هداكم ولعلكم تشكرون
Hadirinرحمكم الله
Wonten al-Qur’an Surat ali Imron ayat 103, Allah SWT ampun dawuh:
                         •          

Artosipun: Siro kabéh podo cekelano kanthi bakoh kelawan taliné (agamané)Allah, ojo podo crah berah. Ilingo marang nikmaté gusti Allah marang sliramu kabéh yoiku naliko zaman semono siro kabéh podo mungsuhan mongko Alloh nglulutaken atimu marang liyané sehinggo kanthi nikmaté Alloh siro kabéh podo dadi sedulur. Lan ugo ing zaman semono siro kabéh ono ing pinggir jurangé neroko, ananging nuli Allah nyelametaké siro kabéh songko nerako iku. Mengkonolah Allah paring papertélan ayat-ayaté marang seliramu supoyo sliramu kabéh oléh pituduh.
Kanthi ayat meniko kito saged mendet pangertosan bilih urip bebrayan wonten ngalam ndonyo meniko, kito sami kedah rukun mboten lé cinalé punopo maléh iri, drengki, panasten, takabur lan sak panunggalanipun. Dateng sesami manungso punopo maléh dateng sesami Muslim mboten kénging ngino. Ananging kosok wangsulipun; kedah saling menghargai, saling menghormati. Rosulloh sampun ngendikaaken bilih antawisipun tiyang mukmin setunggal dateng sanésipun meniko lirkadyo awak sak brojo, ingkang menawi sakit anggautanipun sedoyo badan ugi ndérék ngrahosaken sakit. Kados menikolah mesthinipun sikap kito dateng sesami manungso, asih, asah, soho asuh. Rosululloh sampun dawuh wonten setunggaling hadis:
الراحمون يرحمهم الرحمن ارحموا من في الارض يرحمكم من في السماء
Artosipun: Tiyang ingkang welas dateng sanésipun meniko bakal dipun welasi déning Allah ingkang Moho welas. Prailo sinten tiyang ingkang welas dateng makhlukipun allah wonten ing Bumi mongko bakal dipun welasi déning poro malaikan wonten ing langit. HR. At-Thabrani)
Hadirinرحمكم الله
Wonten ing dinten riyadi meniko sahé sanget menawi kito ginaaken kangge ngapuran-ngapuranan dateng sanak famili, sebab manungso panggénanipun salah lan luput. Sepinten salah lan luput ingkang kito lampahi ing sak lebetipun bebarayan meniko, saget kalebur menawi kito sami purun taubat, nyuwun khalalipun hak-hak adami dateng sesami manungso. Rasululloh dawuh:
كل ﺁدم خطاء وخير الخطائين التوابون
“Sedoyo anak adam anggadahi kaluputan, lan sahé- sahénipun tiyang ingkang luput meniko tiyang ingkang purun taubat saking kaluputanipun” Menawi luput dateng Allah taubatipun kanthi ngathah-ngathahaken maos istighfar déné menawi dosa lan luput dateng sesami manungso taubatipun kanthi nyuwun ngapuro lan nyuwun halalipun.
Kanthi istighfar soho nyuwun pengapuro dateng sesami insya Allah kito saged dados tiyang ingkang sholih secara pribadi lan ugi sholih secara sosial. Mandar-mandar sholih secara sosial meniko langkung ageng manfaatipun sehinggo kasinggihan sanget menawi kito migatosaken. Saking agenginpun kawigatosan saking kanjeng Rasul Muhammad aw suwiji tempo wonten setunggaling sahabat nyuwun pirso dateng kanjeng nabi babagan tiyang ingkang sholih secara pribadi keranten regep sholat lan sregep poso, ananging tiyang meniko tansah nglaraaken tonggo. Kanjeng Nabi dawuh bilih tiyang meniko mlebet neroko.
يارسول الله إن فلانة تكثر الصلاة والصوم والصدقة ولكنها تؤذي جيرانها فقال هي في النار
Saking hadis meniko monggo kito pendet tulodo bilih menawi kito sampun sregep ngibadah langkung sahé menawi kito ugi tansah membina hubungan sahe dateng tonggo teparo sahé meniko ingkang kalebet kerabat utawi mboten, sedoyo kedah dipun apiki. Ampun ngantos tonggo lan sederek kito merasa keganggu kalaian solah tingkah kito sami. Terwujudnya keshalehan sosial menikolah hakikat lan intinipun amaliah ibadah puasa romadhon ingkang kasempurnaaken kalaian ibadah zakat soho sholat idul fitri. Menawi kito sami sampun saged nindaaken amaliah ingkang saged nuwuhaken kesalehan meniko berarti insya Allah kito saged nggayuh derajad muttaqin ingkang dipun kersaaaken Allah لعلكم تتقون
Hadirinرحمكم الله
Monggo, terakhir kulo pesen dumateng awak kulo soho hadirin samio ningkataken lan ngapiaken amal ibadak kito sami, sahé ibadah sunnah punopo malih ibadah fardlu, sahé meniko ingkang bersifat pribadi punopo malih ingkang bersiafat sosial, sebab namung tiyang ingkang anggadahiiman soho amal sholeh ingkang bade selamet milahi ndonyo hinggo kito sowan wonten ngarso dalem Alloh SWT mbénjang wonten yaumil qiyamah. Mugi-mugi kito sami kagolongaken tiyang ingkang bejo ndonyo bejo akhirot amin ya robbal alamin.
  •               بارك الله لي ولكم في القرﺁن العظيم ونفعني وإياكم تلاوته إنه هو الغفور الرحيم وقل رب اغفر وارحم وانت ارحم الراحمين

الخطبه الثانية

Tidak ada komentar:

Posting Komentar